BANTAR ANGIN
Geguritan kolaborasi Petakilan Stan's dan Pecicilan Ponco
Anggoningsun ndeleng tawang
Ngarepake kalbu tansah padhang
Ananging kanyata beda kang daksandang
Angslup sajroning jiwa samudra
Badar dadi cahyaning kamulyan
Kanggoningsun kadyo cebol nggayuh lintang
Nyadong pisungsung agung kang brongot
Pangrasa tetep ngumbara
Kang kesinungan hawa angkara
Ngreidu laku jantra kalbu seto
Sumiliring bayu, nggugah sejatining urip
Teka lungo yo amung, nyawiji maring gusti
Kang njalari sepi ing pamrih
Anggone nggumbara ngrasuk urip sejati kang hakiki
"Pecicilan Ponco & Petakilan Stan`s"
Dalam Pertengahan January 2009

Tidak ada komentar:
Posting Komentar